Parikanku (Antologi Pantun karya Siswa-siswi SMA Al Huda Boarding School) Tuban
Atur Pangiring
Puji syukur konjuk ing ngarsanipun Allah SWT kanthi rahmat lan hidayahipun saengga buku antopologi parikan karya siswa-siswi SMA Al Huda Boarding School kanthi irah-irah-irahan “Parikan-Ku” bisa rampung kanthi sae masiya katon telat saking perencanaanipun. Buku menika, buku kaping tiga asil kagiyatan literasi siswa SMA Al Huda Boarding School. Benten kaliyan buku ingkang kaping sepisan lan kaping kalih, buku menika luwih nudhuhake karya puisi lama, yaiku parikan migunakaken bahasa Jawa. Alasan dhasaripun milih karya parikan amargi supados siswa nggadhahi kesadaran kagem nguri-uri budaya, inggih menika produktif nyerat parikan kang ing jaman samangke kagerus jaman.
Kagiyatan literasi kang dipun lampahi saben dinten inggih menika sawijing bentuk kagiyatan pabiyasaan sakolah kagem mbentuk budaya literasi ing lingkungan sekolah. Salah sawijining bentuk kagiyatan literasi ing SMA AL Huda Boarding School inggih menika maos 15 menit saderengipun KBM dipun wiwiti. Kelebet jurnal literasi lan tagihan resum ing salebetipun kaliyan buku ingkang dipun waos kathah variasinipun, kagiyatan literasi kasebur nggadhahi pangarep-arep supados nuwuhaken minat maos siswa-siswi SMA AL Huda Boarding School saengga saged ngasilake sawijining karya salebetipun karya seratan. Masiya kagiyatan literasi kasebut ewet kangem dipun gerakaken, ananging kanthi niat, kesabaran lan motivasi saking sekolah lampahi saged mbuwahaken karya. Bab kasebut mbuktikaken menawi damel karya mbotenta ewet, ananging mbetahaken ketelatenan, konsistensi, lan semangat. Kathi mekaten, siswa saged percaya diri lan minangka bentuk apresiasi karya ingkang piyambakipun serat.
Ing kesempatan menika, kula minangka guru pembimbing ngaturaken agunging panuwun dhumateng pihak-pihak ingkang mbiyantu salebetipun ngerampungaken buku menika, ing antaranipun.
1. Drs. Mohammad Rowi, M.Si minangka Ketua Yayasan Bahrul Huda.
2. Rudis Andika Nugroho, M.Pd minangka Kepala SMA Al Huda Boarding School.
3. Ustad/Ustadzah SMA Al Huda Boarding School.
4. Siswa kelas X lan XI SMA Al Huda Boarding School minangka panyerat buku menika.
Leresipun mboten wonten ingkang sampurna, ugi kaliyan panyerat buku menika. Pangarep-arep lan donga supaya karya-karya ingkang dipun asilaken saged paring paedah. Salintune menika, program literasi sekolah saged kalampahan kanthi kelanjutan lan sukses ngelairaken generasi literatif kan produktif. Nyurung siswa kagem makarya lan nyengkuyung para siswa kagem nggayuh cita-citanipun. Pungkasanipun tembung, mugi-mugi sedaya ingkang kita lampahi dados sawijining kebanggan dan persembahan dhumateng generasi panerus ing masa depan.
SINOPSIS
Buku menika isinipun antologi parikan karya siswa-siswi SMA Al Huda Boarding School. Salah satunggaling sekolah swasta basisipun pondok pesantren ing Kabupaten Tuban Jawa Timur. Parikan-parikan ingkang wonten ing buku menika isinipun maneka jinis parikan, kadosta pitutur, jenaka, muda-mudi, agama lan sapiturutipun nderek paring warna ing salebetipun buku menika.
Rumiyin parikan kethel sanget kanthi masyarakat sakitar minangka tradisi minangka iring-iringan hajatan utawa adhicara salintunipun, ananging saniki sampun wiwit asring ing salebetipun negari. Ugi, Negara tetanggi sinebut mawon Malaysia nderek nguri-nguri parikan tumrap ajang perlombaan lan maneka tradisi salintunipun. Lajeng, kados pundi negari kita? Mesthi kemawon wangsulanipun wonten ing salebetipun diri penjenengan piyambak. Lumantar buku menika mangga sareng-sareng nguri-nguri budaya kanthi cara nyerat utawi parikan. Kanthi parikan kitha saged ngelatih kreativitas lan kecakapan basa sarta bisa ugi paring pitutur kanthi retrorika kang endah lan rima ingkang mligi. Mugi-mugi kawontenan buku menika saged paring inspirasi para siswa kagem nguri-nguri budaya kang sampun kagerus jaman.

Diskusi